Permainan Cublak-Cublak Suweng

Cublak-Cublak Suweng

Cublak cublak suweng

Suwenge ting gelenter

Mambu ketundhung gudel

Pak empong lera lere

Sapa ngguyu ndhelikake

Sir sir pong dhele kopong

Sir sir pong dhele kopong

Tembang dolanan “Cublak-Cublak Suweng” ing dhuwur iku biyasa ditembangake sinambi dolanan. Ing ngisor iki andharan saka dolanan sinambi nyanyi tembang “Cublak-Cublak Suweng”.

  1. Dolanan iki mbutuhake bocah kang cacahe papat utawa luwih.
  2. Dolanan “Cublak-Cublak Suweng” dipimpin dening sawijine bocah kang dadi Pak Empong. Pak Empong iki bocah kang tugase mengkurep lan gegere dadi sarana dolanan kancane. Carane milih Pak Empong kanthi cara pingsut.
  3. Pak Empong banjur milih krikil kanggo pralambang “suweng”. Bar kuwi, tembang “Cublak-Cublak Suweng” ditembangake dening bocah-bocah sinambi muterake krikil lumantar tangan-tangan kang nemplek ana gegere Pak Empong mau.
  4. Biyasane lagune ditembangake kaping pindho utawa luwih. Yen wis rampung tembange, Pak Empong lungguh lan bedhek sapa kancane kang dhelikake “suweng” mau.
  5. Yen Pak Empong salah anggone bedhek, dheweke bakal tengkurep maneh lan bedhek maneh. Yen bedhekane bener, wong sing dhelikake krikil mau bakal dadi Pak Empong sabanjure.

Saka andharan ing dhuwur, bisa dimangerteni bilih tembang dolanan “Cublak-Cublak Suweng” iku temane kajujuran.  Tembang iki sarana ndhidhik bocah-bocah supaya duweni nilai-nilai kajujuran, tanggung jawab, kapinteran lan ngati-ati anggone tumindak.

If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~

Komentar

Postingan Populer