Cerpen Jawa - Nonton Wayang Kulit

Nonton Wayang Kulit


Minggu kepungkur ing desane Dwi ana tontonan.

Tontonane yaiku wayang kulit.

Manggone ana ing ngarep Bale Desa.

Dhalange kondhang banget, yaiku Ki Anom Suroto.

Lakone “Laire Gathotkaca”.

Gathotkaca iku putrane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi.

Ing kono dicritakake, tali pusere Gathotkaca utawa Tetuka ora gelem puput.

Para Pandhawa padha ngupaya kepriye carane tali pusere bisa puput.

Raden Arjuna banjur semedi lan nyuwun pusaka marang dewa kanggo medhot tali puser mau.

Bathara Narada diutus kanggo menehake pusaka Kunta Wijayadanu marang Raden Arjuna.

Nanging, Bathara Narada kleru menehake pusaka mau marang Adipati Karna.

Wusasane, Raden Arjuna lan Adipati Karna tandhing.

Kalorone padha sektine, Raden Arjuna amung oleh warangkane pusaka mau.

Raden Arjuna banjur mulih gawa warangkane Kunta Wijayadanu.

Sanajan amung warangka, pusaka kasebut bisa medhot tali puser Tetuka lan ngrasuk dadi siji ing awake Tetuka utawa Gathotkaca. 

Dwi nonton wayang karo bapak lan simbahe.

Dwi seneng banget bisa nonton pagelaran wayang kulit ing desane.


If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~

Komentar

Postingan Populer