Fabel Jawa - Manuk Emprit Memitran karo Kidang

Manuk Emprit Memitran karo Kidang

Dhek jaman biyen, kabeh kewan padha urip rukun lan padha tulung- tinulung.  Semono uga kanggone Si Kidang lan Manuk Emprit anggone memitran nganti rumaket banget. Angger ana Kidang ya ana Emprit, angger ana Emprit mesthi ana Kidang.

Ing sawijine dina, Emprit nyusuh ana parinan.  Parine wis padha kuning, wayahe dipanen. Manuk Emprit bingung amarga anake durung padha bisa mabur, wedi nek dimangsa karo manungsa. Emprit banjur mara omahe Kidang. Karepe ngajak rembugan supaya menehi pepadhang.

Tekan omahe Kidang, kalorone padha rembugan.  Kidang nemu akal dheweke bakal nggodha manungsa kang arep panen, supaya ora nyedhaki susuhe Si Emprit.

Ing dina kang wis ditemtokake, Kidang nerjang liwat wani marani wong-wong kang arep panen. Weruh Kidang kang playune ora pati banter, wong-wong mau langsung ngoyak Si Kidang. Kidang pancen mung nggodha wong-wong mau, yen wong-wong sing ngoyak wis cedhak playune dibanterke. Yen wong-wong mau isih katon adoh, playune dirindhikake. Mangkono sateruse nganti adoh banget.

Patang dina sabanjure, anake Emprit wis padha bisa mabur. Ora lali Emprit ngomong panuwun karo Kidang.

Kocap carita, wong-wong mau padha nggawe basangan kanggo Si Kidang ing sacedhake sawah. Nalika wengi teka, Kidang metu golek pangan sacedhake sawahan manungsa. Dheweke kena basangane wong-wong mau, langsung awake gumandhul ora bisa uwal. Dheweke pasrah, sewengi gandhul-gandhul ora ana sing nulungi.

Esuk-esuk banget, Emprit wis tangi. Nalika mencok ing sawijine wit, dheweke weruh Kidang kang kena basangan. Emprit age-age marani lan kepengin nulungi Kidang. Emprit oleh akal,  Kidang diteleki lan pesen supaya wetenge Kidang diplembungna dadi kaya-kaya wis mati. Mengko mesthi taline dikethok karo wong-wong mau, terus Kidang dikon mlayu sabanter-bantere.

Temenan, ora watara suwe wong-wong mau mara lan ngira yen kidang wis mati amarga awake kebak telek manuk. Taline Kidang banjur diketok nganggo arit. Pranyata, Kidang langsung mlumpat mlayu tambuh-tambuh parane. Wong-wong ing kono amung mlongo weruh Kidang kang mlayu banter banget.

 

 Kapethik saka Majalah Pandjebar Semangat, No.1, 2004 kanthi ewah-ewahan.


If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~

Komentar

Postingan Populer