Langsung ke konten utama

Crita Wayang "Dewa Ruci'

Dewa Ruci


Wosipun cariyos, bala Kurawa hanggadhahi pepenginan badhe jlomprongaken Pandhawa, sanajan sejatosipun taksih kadang piyambak. Kurawa kepengin supados Pandhawa nandhang sangsara, kanthi lantaran Guru Druna. Wekudara utawa Bima kaparingan piwulang kangge ngudi kasampurnanipun gesang, supados ngupadi toya suci ingkang mapan wonten wana Tibrasara. Werkudara namung manut dhawuhipun Guru lan yakin boten badhe kapusan lan pejah amargi dhawuhipun guru sarta tetep bidhal ngestokaken dhawuh, sanajan wonten niyat badhe damel cilaka dhateng piyambakipun.

Wekdal negari Ngastina wonten pasewakan, ingkang rawuh Prabu Suyudana, Prabu Salya, Resi Druna, Jayajatra, Patih Sengkuni, Bisma, Dursasana lan sanes-sanesipun klebet para sentana, pengageng agul-agul sanesipun. Nembe ngrembag kados pundi caranipun supados Padhawa saged kapusan kanthi alus lan saged sirna saderengipun perang Baratayuda.

Druna nunten paring pitedah dhateng Werkudara manawi kepengin kaleksanan pikantuk kasampurnan gesang, pinunjul ing sapepadane, tansah winengku ing rama ibu, mulya lan badhe gesang langgeng, kedah angsal toya suci ingkang dipunkersakaken kalawau. Dipunbeberaken manawi toya suci kalawau mapanipun wonten guwa salebetipun wana Tibrasara ing redi Candramuka. Sasampunipun pamit kaliyan Resi Druna lan Druyudana, lajeng medal saking Kraton.

Bala Kurawa sami mesem ngguyu awit panganggepipun Werkudara saged dipunapusi lan badhe lebur amargi dipunmengsah dening denawa kalih salebetipun guwa, mila lajeng sami suka parisuka.

Sasampunipun dumugi guwa, jebul toya ingkang dipunpadosi boten wonten, lajeng punapa ingkang wonten ing sakiwa-tengenipun guwa dipunobrak-abrik. Denawa kalih ingkang manggen ing guwa nyaketi Werkudara. Gampilipun cariyos, Werkudara lajeng perang lumawan denawa kalih kalawau, denawa kalih kawon. Dereng marem, Werkudara tetep ngamuk wusananipun lemes amargi kekeselen lajeng kendel ing ngadhap wit ringin.

Boten dangu anggenipun kendel, lajeng mireng swanten tanpa rupa :”He putuku kang lagi sedhih, kowe ngupadi barang kang ora bisa ketemu, awit ora entuk pituduh nyata, ngenani papan panggonane barang kang kok upadi iku handadekake sengasarane awakmu”.

Sasampunipun Werkudara pasrah, lajeng dipunngendikani bilih denawa kalih kalawau sejatosipun Sang Hyang Indra lan Bathara Bayu ingkang nembe nglampahi paukuman saking Sang Hyang Guru. Dipunjlentrehaken ugi babagan dhawuhipun Druna, prayoginipun wangsul mawon dhateng NgaStina.

Sasampunipun dumugi Ngastina, kleresan bala Kurawa sami nglempak, ing ngriku wonten Resi Druna, Suyudana, Sengkuni, lan Bisma. Sedaya sami cingak dene Werkudara dhateng. Werkudara hambeberaken sedaya lelampahanipun lan dipuntanggepi Druna bilih Werkudara dipunuji lan sejatosipun toya suci kalawau mapan wonten tengahipun samodra. Werkudara inggih pitados lajeng bidhal dhateng samodra nanging mampir dhateng Ngamarta badhe pamitan kaliyan ibunipun lan kadang-kadangipun. Sejatosipun kulawarganipun Werkudara mangertos bilih namung dipunbidung Kurawa lumantar Druna, ingkang ancasipun badhe nyirnakaken Pandhawa, nanging Werkudara tetep nekat. Kulawarga lajeng ngaturi kabar dhateng Prabu Kresna bilih Kurawa ngrekadaya supados Padhawa sirna. Prabu Kresna lajeng rawuh ing Ngamarta lajeng ngendika bilih Pandhawa boten perlu sedhih, awit tumindakipun Kurawa badhe angsal piwales.

Werkudara boten tidha-tidha, tanpa raos ajrih nyemplung samodra kanthi ngecakaken ngelmu Jalasengara supados toya sumilak. Kacarita wonten naga sagunung anakan, wujud ingkang damel giris, cangkemipun mangap, siyungipun lancip, lan naga kalawau hanggubed badanipun Werkudara. Kanthi namakaken Kuku Pancanaka dhateng naga, Werkudara saged nyuwek cangkemipun naga lan njalari pejahipun naga kalawau.

Sasirnanipun naga kalawau, Werkudara kepanggih Dewa Ruci, ingkang wujudipun bajang kados lare alit dolanan ing sanginggilipun samodra. Dewa kalawau lajeng ngendika : “Bima, apa karepmu dene mapan ana segara, kabeh kang ana kene ora bisa dipangan. Mung ana godhong garing kang katut angin lan tiba ing ngarepku yaiku kang dak pangan. Kowe kuwi anak turune Sang Hyang Pramesthi, Sang Hyang Girinata, kowe keturunan saka Sang Hyang Brama. Bapakmu uga keturunan Brama, ibumu Dewi Kunthi trahing Sang Hyang Wisnu Murti. Karo bapakmu mung peputra telu yaiku : Yudistira, kowe, lan adhimu Dananjaya. Dene kang loro anak saka Madrim, yaiku Nakula lan Sadewa. Tekamu mrene antuk pituduhe Druna supaya ngupadi banyu suci kanggo panguripan. Amarga gurumu kang menehi pituduh ya lakonana, Werkudara jan wong tapa iku ora bisa ngrasakake nikmate urip. Mula aja mangkat yen durung cetha, aja mangan yen durung ngerti sing dipangan, aka klamben yen durung tau ngerti jenenge klambimu. Kowe bisa ngerti yen takon, wong meguru mono yen durung mudheng bakal kleru panampane”.

If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kriteria Penilaian Lomba Pidato dan Contohnya (Bahasa Jawa)

If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~ Kriteria Penilaian Lomba Pidato dan Contohnya  Perhatikan baik-baik penjelasan kriteria penilaian dalam lomba pidato berikut ini  1. Kesesuaian tema, judul dan isi pidato Peserta pidato akan menyampaikan judul pada awal memulai. Isi adalah apa yang disampaikan dalam berpidato. Dalam hal ini ketentuan dalm lomba menjadi landasan. Jika judul sudah ditentukan maka otomatis semua peserta akan membawakan judul yang sama, namun jika hanya tema maka judul akan bervariasi. Dari situ penilai atau juri bisa mengukur kesesuaian tema, judul dan isi yang dibawakan 2. Sistematika pembawaan ( pembuka, isi, penutup) Sangat dasar dalam berbicara di depan publik termasuk berpidato mempunyai urutan pembuka, isi dan penutup yang harus dibawakan dengan tepat oleh peserta lomba pidato. Jika ada salah satu yang kurang maka akan menjadi nilai minus. 3.  Bahasa yang bagus Pertama bahasa...

RPP CERITA RAKYAT BAHASA JAWA KURIKULUM 2013 KELAS 7 SMP

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) Satuan Pendidikan               : SMP Negeri 3 Sukoharjo Mata Pelajaran                     : Bahasa Jawa Kelas /Semester                    : VII /I Materi Pokok                       : Cerita Rakyat Alokasi Waktu                     : 4 x pertemuan (8 jp) A.       Kompetensi Inti KI 1   Menghayati   dan mengamalkan   ajaran   agama yang dianutnya. KI 2   Menghargai dan men g hayati perilaku jujur, disil...

Dongeng Fabel

Dongeng Fabel  Dongeng fabel yaiku sawijining crita fantasi kang paraga utamane awujud kewan, tetuwuhan, utawa piranti/samubarang kang solah bawane kaya manungsa. Bisa caturan, mikir, lan tumindak kaya dene manungsa. Saben fabel mesthi ngemot piwulang moral utawa piwulang wigati kang bisa didadekake tuladha ing bebrayan.    Tuladha Wacan Dongeng  Tuladha ing ngisor iki, crita karangan kang dianggit dening panulis blog iki dhewe. Crita iki uga dinggo maju lomba ndongeng FTBI ing tingkat kutha Surakarta taun 2025, sanajana mung masuk 10 besar. Yen arep copas, aja lali sertakan sumber ya lur, aja dadi wong kang seneng plagiat.    Kebo Bule lan Macan Tutul ( dening Hayu) Ing alas sacedhaking Gunung Lawu, urip maneka werna sato iwen. Kebo Bule, salah sawijining kewan kang kawentar gagah prakosa lan paling wicaksana saindenging alas. Kewan-kewan ing kono padha kurmat lan seneng njaluk tulung marang dheweke. Dening para kewan, Kebo Bule diceluk...