Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari 2019

Crita Wayang "Srikandhi Madeg Senapati"

If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~ Ing tlatah Jawa, wayang ngrembaka tumekan saiki. Wiwitane, wayang dadi sarana kanggo muji syukur lan atur panuwun marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Jalaran wayang nuduhake watak kang religius, ngabekti marang Gusti, lan iku kabeh watak kapribadene wong Jawa.   Wayang iku kabudayan asli Jawa. Ing tanggal 7 Nopember 2003 wayang wis diakoni marang UNESCO minangka kabudayan luhur bangsa Indonesia. Prastawa iki mratandhani yen donya ngakoni menawa wayang iku kabudayan kang luhur. Sapa wae sing gelem nyemak isi lan pitutur kang ana ing wayang bakal dituntun ing dalan kabecikan. Wayang iku asale saka tembung “hyang” kang tegese dewa. Wong kang ngalokake utawa mimpin pagelaran wayang diarani dhalang. Dene, wong sing nabuh gamelan lan ngiringi pagelaran wayang diarani niyaga. Crita wayang kang biyasane dadi lakon ing pagelaran wayang kulit iku njupuk saka crita Mahabarata lan Ramayana. Mahabarata ...

Sejarah Aksara Jawa

 Sejarahe Aksara Jawa Mula bukane aksara Jawa digathukake karo Legendha Aji Saka. Crita turun-temurun awujud tutur tinular bab padudon lan perang tandhinge Dora lan Sembada jalaran rebutan keris pusakane Aji Saka sing kudune tansah padha direksa bebarengan ing Pulo Majeti. Wusana Dora lan Sembada mati sampyuh ngeres-eresi. Aji Saka sakala ngrumangsani kalepyane dene ora netepi janji mundhut pribadhi pusaka sing direksa Dora lan Sembada. Minangka pangeling-eling, Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa legena cacah wong puluh wiwit saka ha nganti nga . Ha na ca ra ka tegese ana caraka utawa utusan. Da ta sa wa la tegese padha suwala utawa padudon. Pa dha ja ya nya tegese padha dene digdayane. Ma ga ba tha nga tegese wasana padha dadi bathang. If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~

Unggah-Ungguh Bahasa Jawa

If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~ Miturut Sasangka (2007: 93) unggah-ungguh basa kaperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan basa krama. a.       Basa Ngoko Basa ngoko kapara dadi loro, yaiku ngoko lugu lan ngoko alus. 1)        Ngoko lugu Basa ngoko lugu iku basa kang kabeh tetembungane ngoko. Basa iki digunakake dening wong tuwa marang anake, kekancan kang wis rumaket, pandhuwuran marang karyawane. Tuladha: a)         Adhiku lagi mangan tahu. b)        Adi maca buku neng ngarep omah. c)         Dhek wingi aku dikongkon ibu tuku lombok ana warung. 2)        Ngoko alus Basa ngoko alus iku basa ngoko kang sabageyan tembunge kacampur krama inggil. Krama inggil iku mligine digunakake ing tembung kriya ( kata kerja ) lan tembung sesu...

Sesorah (Pidato Bahasa Jawa)

If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~   1.     Pangerten Sesorah Sesorah utawa pidhato yaiku ngandharake gagasan, panemu, pamikir, utawa osiking manah sarana lesan ing sangarepe wong akeh. Maksud baku sesorah, yaiku kanggo ngandharake uneg-uneg utawa mratelake informasi ing sangarepe wong akeh supaya padha mangerteni sing diwedharake. 2.    Ancas Sesorah Miturut Murwantoro (2007 : 10-11) sesorah duweni papat ancas , yaiku: a.    Atur pambagya Sesorah kanggo nyambut tamu ing hajatan, biasane ana ing acara manten. Isine atur pambagya harja, atur panuwun, saha pangapunten saka kang mengku gati katur para tamu. b.    Atur kabar lan pawartos Sesorah kanggo ngaturi pawarta kanthi wujud crita babagan salah sijine kedadeyan. c.    Atur panglipur Sesorah supaya wong kang ngrungokake bisa legawa, ikhlas, lan seneng panggalihe. Biasane ana ing acara lelayu. ...