Langsung ke konten utama

Sesorah (Pidato Bahasa Jawa)


If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~

 
1.    Pangerten Sesorah
Sesorah utawa pidhato yaiku ngandharake gagasan, panemu, pamikir, utawa osiking manah sarana lesan ing sangarepe wong akeh. Maksud baku sesorah, yaiku kanggo ngandharake uneg-uneg utawa mratelake informasi ing sangarepe wong akeh supaya padha mangerteni sing diwedharake.

2.   Ancas Sesorah
Miturut Murwantoro (2007: 10-11) sesorah duweni papat ancas, yaiku:
a.   Atur pambagya
Sesorah kanggo nyambut tamu ing hajatan, biasane ana ing acara manten. Isine atur pambagya harja, atur panuwun, saha pangapunten saka kang mengku gati katur para tamu.
b.   Atur kabar lan pawartos
Sesorah kanggo ngaturi pawarta kanthi wujud crita babagan salah sijine kedadeyan.
c.   Atur panglipur
Sesorah supaya wong kang ngrungokake bisa legawa, ikhlas, lan seneng panggalihe. Biasane ana ing acara lelayu.
d.      Pangajak
Sesorah kang ancase ngajak supaya kang mirengake percaya apa kang kawedharake lan kersa nglaksanakake apa wae kang wis diwedharake dening pamedhar sabda, tuladhane nalika kothbah.

3.   Perangane Sesorah
Perangane sesorah utawa pidhato iku ana telu, yaiku:
a.  Purwaka/pambuka
Perangan teks sesorah utawa pidhato kang miwiti andharan, isine wujud salam pambuka, pakurmatan, lan puji syukur marang Gusti.
b.  Isi/surasa
Perangan teks sesorah utawa pidhato kang ngandharake wosing andharan utawa inti sarine andharan.
c.  Wasana/panutup
Perangan teks sesorah utawa pidhato minangka panutuping andharan, isine dudutan, panyuwunan pangapura, lan salam panutup.

4.    Jinis Sesorah
Miturut kahanan, sesorah iku ana telu jinise, yaiku:
a.  Sesorah resmi
Kanggo kahanan kang asipat resmi, lumrahe wong kang sesorah maca naskah kang wis disiapake luwih dhisik supaya ora salah anggone sesorah lan naskah iku bisa kasimpen kanggo arsip. Wong kang sesorah ora bisa ngandharake sesorahe sakarepe dhewe amarga wektune wis diatur. Tuladha: sesorah mentri ana ing upacara, sesorah presiden ana sangarepe DPR, lsp.
b.  Sesorah setengah resmi
Kanggo kahanan kang asipat setengah resmi, wong kang sesorah bisa ngandharake sesorah utawa pidhatone rada longgar. Nanging, kesan resmi kudu tetep digatekake, lumrahe ana ing pamilihan tembung lan reroncening ukara. Tuladha: sesorah ing rapat karang taruna, sesorah ing acara kumbakarnan, lsp.
c.  Sesorah ora resmi
Kanggo kahanan kang asipat ora resmi, wong kang sesorah bisa ngandharake sesorah miturut tujuwan utawa selera wong kang ngrungokake. Biasane tanpa naskah lan bisa diselingi nganggo geguyon. Tuladha: sesorah ing acara pengetan ulang taune bocah, sesorah ing acara reuni kanca sekolah, lsp.  


Contoh Sesorah:
Perpisahan Siswa Kelas VI

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula kurmati, adhik-adhik kelas tuwin kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kula lan panjenengan sedaya taksih pinaringan rahmat saengga kita saged kempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sakanca, saengga saged ngrampungaken kuwajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan, lan katentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Boten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring damel Bapak Ibu Guru duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang boten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula dedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.
 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kriteria Penilaian Lomba Pidato dan Contohnya (Bahasa Jawa)

If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~ Kriteria Penilaian Lomba Pidato dan Contohnya  Perhatikan baik-baik penjelasan kriteria penilaian dalam lomba pidato berikut ini  1. Kesesuaian tema, judul dan isi pidato Peserta pidato akan menyampaikan judul pada awal memulai. Isi adalah apa yang disampaikan dalam berpidato. Dalam hal ini ketentuan dalm lomba menjadi landasan. Jika judul sudah ditentukan maka otomatis semua peserta akan membawakan judul yang sama, namun jika hanya tema maka judul akan bervariasi. Dari situ penilai atau juri bisa mengukur kesesuaian tema, judul dan isi yang dibawakan 2. Sistematika pembawaan ( pembuka, isi, penutup) Sangat dasar dalam berbicara di depan publik termasuk berpidato mempunyai urutan pembuka, isi dan penutup yang harus dibawakan dengan tepat oleh peserta lomba pidato. Jika ada salah satu yang kurang maka akan menjadi nilai minus. 3.  Bahasa yang bagus Pertama bahasa...

RPP CERITA RAKYAT BAHASA JAWA KURIKULUM 2013 KELAS 7 SMP

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) Satuan Pendidikan               : SMP Negeri 3 Sukoharjo Mata Pelajaran                     : Bahasa Jawa Kelas /Semester                    : VII /I Materi Pokok                       : Cerita Rakyat Alokasi Waktu                     : 4 x pertemuan (8 jp) A.       Kompetensi Inti KI 1   Menghayati   dan mengamalkan   ajaran   agama yang dianutnya. KI 2   Menghargai dan men g hayati perilaku jujur, disil...

Crita Wayang "Srikandhi Madeg Senapati"

If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~ Ing tlatah Jawa, wayang ngrembaka tumekan saiki. Wiwitane, wayang dadi sarana kanggo muji syukur lan atur panuwun marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Jalaran wayang nuduhake watak kang religius, ngabekti marang Gusti, lan iku kabeh watak kapribadene wong Jawa.   Wayang iku kabudayan asli Jawa. Ing tanggal 7 Nopember 2003 wayang wis diakoni marang UNESCO minangka kabudayan luhur bangsa Indonesia. Prastawa iki mratandhani yen donya ngakoni menawa wayang iku kabudayan kang luhur. Sapa wae sing gelem nyemak isi lan pitutur kang ana ing wayang bakal dituntun ing dalan kabecikan. Wayang iku asale saka tembung “hyang” kang tegese dewa. Wong kang ngalokake utawa mimpin pagelaran wayang diarani dhalang. Dene, wong sing nabuh gamelan lan ngiringi pagelaran wayang diarani niyaga. Crita wayang kang biyasane dadi lakon ing pagelaran wayang kulit iku njupuk saka crita Mahabarata lan Ramayana. Mahabarata ...