Fabel Bahasa Jawa "Macan Memitran karo Tikus"


Macan Memitran karo Tikus
Dening: Hayu 
Ing satengahing alas, ana macan memitran karo tikus. Kalorone wis kekancan suwe. Nanging, si macan nganggep yen dheweke luwih unggul tinimbang si tikus. Si tikus ora nesu, dheweke mung kepengin urip rukun lan ayem bareng si macan.
Ing sawijining dina, macan lan tikus mlaku luru banyu. Hawane panas banget dina iku. Banjur, kalorone nemoni kali sing ora adoh saka panggone mlaku mau. Macan lan tikus mlaku tumuju kali kasebut.
“He tikus, deloken! Banyu kali iki bening banget lan katon seger. Cocog banget kanggo kungkum.” Jarene macan
“Eh, sik macan aja waton kungkum ing kene. Awake dhewe ora ngerti menawa ana manungsa sing ngincer apa ora.” Wangsulane si tikus.
“Aku ora perduli! Pokoke aku kepengin kungkum! Aja wani-wani ngandhani aku, ngerti ora?” Si macan ngomong rada nesu.
Si tikus akhire ngalah, dheweke pilih ngalih ngeyup ing ngisor wit sacedhake kali iku. Dumadakan, nalika macan arep kungkum, ana swara tembakan lan kena sikile si macan. Macan njerit kelaran lan ana rong pamburu nggawa jaring kanggo nangkep si macan. Macan diseret dening wong loro mau ngadoh saka kali.
Macan iku abot, pramila wong loro mau kesel anggone nyeret macan. Banjur ngeyup ing ngisore wit kesambi. Suwe-suwe wong loro mau keturon. Ora dinyana, tikus kawit mau ngetuti nalika macan diseret. Dheweke ora mlayu lan ninggalke si macan. Si tikus nyedhaki jaring sing isine macan lan ngandhani supaya macan meneng aja mbengok. Jaring kasebut dikrikiti tikus nganti macan bisa uwal. Si macan nyesel karo tumindake sing sembrono lan njaluk ngapura marang tikus.
“Sepurane ya, Kus. Aku ora nggugu kandhamu mau. Lan matur nuwun aku wis kok tulungi.”
“Iya ora dadi ngapa, sing penting awakmu wis sadar karo tumindakmu, Can. Yawis, saiki ayo ndang ngalih saka kene, selak pamburu loro iku tangi.”
Macan lan tikus lunga ngadoh saya mlebu ing njero wana. Kalorone banjur urip rukun lan kekancan salawase.

If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer