Unggah-Ungguh Bahasa Jawa


If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~

Miturut Sasangka (2007: 93) unggah-ungguh basa kaperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan basa krama.
a.      Basa Ngoko
Basa ngoko kapara dadi loro, yaiku ngoko lugu lan ngoko alus.
1)       Ngoko lugu
Basa ngoko lugu iku basa kang kabeh tetembungane ngoko. Basa iki digunakake dening wong tuwa marang anake, kekancan kang wis rumaket, pandhuwuran marang karyawane.
Tuladha:
a)        Adhiku lagi mangan tahu.
b)       Adi maca buku neng ngarep omah.
c)        Dhek wingi aku dikongkon ibu tuku lombok ana warung.
2)       Ngoko alus
Basa ngoko alus iku basa ngoko kang sabageyan tembunge kacampur krama inggil. Krama inggil iku mligine digunakake ing tembung kriya (kata kerja) lan tembung sesulih (kata ganti orang). Tembung krama iku digunakake kanggo ngurmati mitra tutur utawa wong kang diomongake.
a)        Apa panjenengan wis dhahar, Mas?
b)       Bapak lagi maos buku Sesorah Jawa.
c)        Budhe Asti tindak pasar nitih sepedha.
b.     Basa Krama
Basa krama uga kapara dadi loro, yaiku krama lugu lan krama alus.
1)       Krama lugu
Basa krama lugu iku basa kang kabeh tetembungane krama, nanging dudu krama inggil. Basa iki biyasane digunakake dening wong kang lagi tetepungan.
Tuladha:
a)     Sampeyan napa sampun nedha wau enjing?
b)     Ibu kaliyan bapak kesah dhateng griyanipun simbah.
c)      Simbah tilem wonten kamar.
2)       Krama alus
Basa krama alus iku basa kang kabeh tetembungane mawa krama inggil. Basa iki digunakake dening anak marang wong tuwane utawa wong kang luwih tuwa, karyawan marang pandhuwurane.
Tuladha:
a)     Panjenengan pupana sampun dhahar kalawau enjing?
b)     Ibu kaliyan bapak tindka dhateng dalemipun simbah.
c)      Simbah sare wonten kamar.

Komentar

Postingan Populer