Cerpen Jawa "Banyuku"


Banyuku

Bocah wadon cilik iku jenenge Windi. Dheweke saomah karo wong tuwane lan kangmase ing kutha Blora. Saben esuk, sadurunge budhal sekolah Windi adus ing kolahe sing jembar, dheweke seneng dolanan banyu saben adus. Banyu keran diurupke nganti mbludhak. Ngerti tumindake Windi, bapak ibu sarta kangmase asring ngelingake supaya aja mbuwang-mbuwang banyu. Nanging, Windi tetep ngeyel lan ora nggugu omongan wong tuwane.
Ing sawijine dina, Windi tangi tumuju kolah, diurupke keran nanging banyune sing metu mung saithik. Windi sambat lan adus nganggo saanane banyu. Dheweke mbesengut merga ora bisa dolanan banyu kaya biyasane. Dheweke banjur sambat karo wong tuwane, wong tuwane ngomong yen dhaerah omahe pancen lagi paceklik saengga krisis banyu resik. Windi ora paham karo kahanan kaya mangkono.
Nalika mlaku tumuju sekolah, Windi ketemu karo bocah lanang sing katon kuru lan lusuh. Dheweke mesakne karo bocah mau, banjur dheweke nyedhaki bocah sing lagi ngutek-ngutek tempat sampah.
“Eh, ngapa kok awakmu ngutek-ngutek tempat sampah iku?”
“Aku luwe, aku durung mangan dina iki.”
“Lha apa ibumu ora masak? Oh, iya jenengku Windi, jenengmu sapa?”
“Jenengku Rudi, ibuku lagi lara ing omah, mangkane aku kudu golek mangan dhewe kanthi gresek uwuh.”
“Loh... lha ibumu lara apa?”
“Aku ora ngerti, tapi jarene pak mantri, ibuku lara merga kakehan ngombe banyu sing ora resik.”
“Kena apa kok ngombe banyu sing ora resik? Apa ora ana banyu resik ing omahmu?”
“Ing dhaerahku banyu resik iku susah, yen ana uga regane larang, ibu lan aku ora kuwat yen tuku banyu larang apamaneh panggon tukune uga adoh, mangkane mung ngombe banyu saanane.”
Windi ngalamun, bayangke kahanane Rudi lan ibune sing susah anggone golek banyu sing resik kanggo ngombe. Dheweke kelingan kabiyasane saben dina sing seneng dolanan banyu nalika adus. Dheweke uga kelingan maeng esuk keran banyune mung metu banyu saithik, banjur bayangke yen banyu ing omahe entek, dheweke bakal ngalami nasib sing padha karo Rudi.
“Windi, kok kowe malah ngalamun?”
“Eh, ora kok, ora ngapa-ngapa.”
“Yawis ya, aku tak golek botol-botol meneh sing akeh ameh tak dol.”
“Oh, iya.. eh, sek Rud.. iki aku ana dhuwit saithik, jajan, lan banyu kanggo kowe”
“Matur nuwun ya Windi, muga-muga amalmu dibales karo Gusti. Seneng bisa kenalan karo awakmu.”
“Iya padha-padha, Rud.”
Sadalan-dalan tumuju sekolah, Windi mesem lan janji ora bakal mbuwang-mbuwang banyu maneh. Dheweke janji bakal dadi bocah sing manut dhawuhe wong tuwa.
Satekane ing omah, Windi crita kadadean sing dialami Rudi lan ibune marang wong tuwane. Dheweke uga banjur njaluk ngapura amarga ora tau manut pas dikandhani bapak ibune.
“Pak, Bu. Kula nyuwun pangapunten merga boten nggugu pitutur panjenengan. Kula kapok lan boten badhe mbuwang-mbuwang toya malih.”
“Iya, Ndhuk, sukur awakmu wis ngerti yen mbuwang-mbuwang banyu iku tumindak sing kleru, sing penting aja dibaleni maneh.”

If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~

Komentar

Postingan Populer