Crita Pangalaman Basa Jawa untuk SD




plesir ing pantai popoh 

jenengku dika
aku arep crita bab pangalamanku
dina minggu kepungkur
aku ibu lan bapak plesir menyang pantai popoh
budhal saka ngomah jam 6 esuk
akeh sesawangan kang endah ing sakiwa tengene dalan
jam 8 aku wis tekan pantai popoh
swasanane rame banget
ing kono akeh wong dodolan
ana sing dodol es degan
ana sing dodol panganan laut
uga ana sing dodol sovenir
saliyane iku akeh prau ing pinggire segara
aku krasa ngelak banjur matur ibu
“bu kula ngelak nyuwun arta kangge tumbas es degan”
“ya iki dhuwite nanging aja nganggo es akeh-akeh lho ya”
“nggih bu matur nuwun”
aku banjur tuku es degan
rasane seger banget
apamaneh nyawang sesawangan segara kang endah
ora krasa wis wayah sore
aku sakulawarga banjur mulih
atiku bungah banget bisa plesir menyang pantai popoh 


liburan menyang daleme simbah 

jenengku ratna sari
celukanku sari
liburan semester siji wingi
aku lan masku dolan menyang daleme simbah
daleme simbah iku ana ing kutha surakarta
kutha surakarta iku kalebu tlatah Jawa Tengah
aku lan masku budhal numpak sepur
sadalan dalan aku nyawang sesawangan kang endah
ora krasa sepur wis tekan stasiun balapan
ing kono aku dipethuk dening paklik tumuju daleme simbah
simbah wis nunggu aku lan masku ana ing ngarep omah
aku banjur salim lan dirangkul simbah
sawise kangen-kangenan aku diajak simbah turut kebon mburi omah
simbah nandur woh-wohan maneka warna
ana wit pelem wit rambutan lan wit gedhang
kabeneran peleme wis padha mateng
aku diajak  ngundhuh pelem karo simbah
peleme rasane legi
ora lali aku atur panuwun marang simbah
merga wis paring pelem kang legi
 
If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~



Komentar

Postingan Populer