Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari November, 2020

Puspa Wardaya

Sekar kang awit isih kuncup Arum gandane mangambar Hamengku puspa lan patra Raden bagus tinemu raden ayu Udarasa sajroning wardaya Lumantar medhia maya jaman semono Lumaku kanthi gojag gajeg Apa pangrasa sing dirasa pancen nyata Nora amung kliwat lan sawetara Ra krasa sadawane sapta arsa Awya kendhat micara lumantar aksara Harsuka cuwa sarta amarah Adat waton kang lumaku saben dina Yatma apadene yatra tan bisa gegenteni Uluk salam lumaku tumuju prajanji suci