Puspa Wardaya



Sekar kang awit isih kuncup

Arum gandane mangambar

Hamengku puspa lan patra

Raden bagus tinemu raden ayu

Udarasa sajroning wardaya

Lumantar medhia maya jaman semono

Lumaku kanthi gojag gajeg

Apa pangrasa sing dirasa pancen nyata

Nora amung kliwat lan sawetara

Ra krasa sadawane sapta arsa

Awya kendhat micara lumantar aksara

Harsuka cuwa sarta amarah

Adat waton kang lumaku saben dina

Yatma apadene yatra tan bisa gegenteni

Uluk salam lumaku tumuju prajanji suci

Komentar

Postingan Populer