Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2018

Tembang Macapat

TEMBANG MACAPAT —Tembang macapat yaiku tembang kang kaiket karangan awewaton guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan utawi kanthi lelegon (Poerwadarminta, 1939: 299). —Tembang macapat ana 11, yaiku: Maskumambang, Mijil, Sinom, Kinanthi, Asmaradana, Dhandhanggula, Durma, Gambuh, Pangkur, Megatruh, lan Pocung. ATURAN TEMBANG MACAPAT —Miturut Suwarna ( 2008: 88-89 ) tembang macapat duweni 3 paugeran kang kudu digatekake, yaiku: Guru gatra = cacahing larik saben sapada. Guru wilangan = cacahing wanda saben sagatra. Guru lagu = tibaning swara ing pungkasan gatra. ATURAN TEMBANG MACAPAT Maskumambang = 12i, 6a, 8i, 8a Mijil = 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u Sinom = 8a, 8i, 8a, 8i, 8i, 8u, 7a, 8i, 12a Kinanthi = 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i Asmaradana = 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a Dhandhanggula = 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a Durma = 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i Gambuh = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o Pangkur = 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i Megatruh = 12u, 8i, 8u, 8i, 8o Pocung ...

Geguritan "Kalamun Kingkin"

Kalamun Kingkin dening Hayu Kena apa? Kena apa sira nora bisa lunga Lunga saka nala lan pikir ingsun Sun amung bisa nyawang Nyawang sira ana raga liya Wong liya kang memper Memper solah bawanira Memper pasuryanira Apa iki sing jenenge kalantur tresna?   Tresna tan kena kinira Tresna kang gawe bungah Tuwin agawe cuwa Cuwa myang sira Bab iki samsaya giris wardaya Nalika amung ingsun kang emut myang sira Nalika amung ingsun kang   katula-tula Nalika amung ingsung kang nandang wuyung titi mangsa: 15/9/2017, 19.03 WIB

RPP CERITA RAKYAT BAHASA JAWA KURIKULUM 2013 KELAS 7 SMP

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) Satuan Pendidikan               : SMP Negeri 3 Sukoharjo Mata Pelajaran                     : Bahasa Jawa Kelas /Semester                    : VII /I Materi Pokok                       : Cerita Rakyat Alokasi Waktu                     : 4 x pertemuan (8 jp) A.       Kompetensi Inti KI 1   Menghayati   dan mengamalkan   ajaran   agama yang dianutnya. KI 2   Menghargai dan men g hayati perilaku jujur, disil...