Tembang Macapat
Tembang macapat yaiku tembang kang kaiket karangan awewaton guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan utawi kanthi lelegon (Poerwadarminta, 1939: 299).
Tembang macapat ana 11, yaiku: Maskumambang, Mijil, Sinom, Kinanthi, Asmaradana, Dhandhanggula, Durma, Gambuh, Pangkur, Megatruh, lan Pocung.
ATURAN TEMBANG MACAPAT
Miturut Suwarna ( 2008: 88-89 ) tembang macapat duweni 3 paugeran kang kudu digatekake, yaiku:
- Guru gatra = cacahing larik saben sapada.
- Guru wilangan = cacahing wanda saben sagatra.
- Guru lagu = tibaning swara ing pungkasan gatra.
ATURAN TEMBANG MACAPAT
- Maskumambang = 12i, 6a, 8i, 8a
- Mijil = 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
- Sinom = 8a, 8i, 8a, 8i, 8i, 8u, 7a, 8i, 12a
- Kinanthi = 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
- Asmaradana = 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
- Dhandhanggula = 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
- Durma = 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
- Gambuh = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
- Pangkur = 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
- Megatruh = 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
- Pocung = 12u,6a, 8i, 12a
WATAK TEMBANG MACAPAT
Miturut Dian ( 2008: 208) watake tembang macapat, yaiku:
1.Maskumambang = nelangsa, ngeres-ngeresi, lan sedhih.
2.Mijil = asih, prihatin, lan pangajab.
3.Sinom = ethes, kenes, susah, trenyuh lan luruh.
4.Kinanthi = seneng asih, kasmaran, rasa menanti.
5.Asmaradana = tresna, sedhih, lan sengsem.
6. Dhandhanggula = luwes, gembira lan endah.
7. Durma = keras, nepsu, semangat, lan greget.
8. Gambuh = sumanak lan sumedulur.
9. Pangkur = sereng, nepsu, lan gandrung.
10. Megatruh = prihatin, getun, keduwung lan sedhih.
11. Pocung = sembrana, parikena lan lucu.
TULADHA:
SEKAR PANGKUR
Kang sekar pangkur winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ta ing tatakrama
Den-kaesthi siyang ratri
(Serat Wulangreh)
TEGESE:
Dicritakne ana ing sekar pangkur. Pituduh kanggo wong urip kuwi. Becike mangerteni endi kang tumindak ala lan becik iku, sarta mangerteni babagan tatakrama. Ing rina lan wengi aja dilalekake.
SEKAR GAMBUH
If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~
SEKAR PANGKUR
Kang sekar pangkur winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ta ing tatakrama
Den-kaesthi siyang ratri
(Serat Wulangreh)
TEGESE:
Dicritakne ana ing sekar pangkur. Pituduh kanggo wong urip kuwi. Becike mangerteni endi kang tumindak ala lan becik iku, sarta mangerteni babagan tatakrama. Ing rina lan wengi aja dilalekake.
SEKAR GAMBUH
Sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kelantur
tanpa tutur katula-tula katali
kadaluwarsa katutuh
kapatuh pan dadi awon.
(Serat Wulangreh)
TEGESE:
Tindak-tanduk kang ora gelem ngrungokake pituture wong liya, tindak tanduk kang ora becik kaemot ing sekar gambuh iki, tindak tanduk ala kang ora ana rampunge lan ora ana kendhaline bakal ala asile lan ngrugekake manugsa dhewe.
Komentar
Posting Komentar