Crita Wayang "Srikandhi Madeg Senapati"
If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~
Ing
tlatah Jawa, wayang ngrembaka tumekan saiki. Wiwitane, wayang dadi sarana
kanggo muji syukur lan atur panuwun marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Jalaran
wayang nuduhake watak kang religius, ngabekti marang Gusti, lan iku kabeh watak
kapribadene wong Jawa.
Wayang
iku kabudayan asli Jawa. Ing tanggal 7 Nopember 2003 wayang wis diakoni marang UNESCO
minangka kabudayan luhur bangsa Indonesia. Prastawa iki mratandhani yen donya
ngakoni menawa wayang iku kabudayan kang luhur. Sapa wae sing gelem nyemak isi
lan pitutur kang ana ing wayang bakal dituntun ing dalan kabecikan.
Wayang
iku asale saka tembung “hyang” kang tegese dewa. Wong kang ngalokake utawa
mimpin pagelaran wayang diarani dhalang. Dene, wong sing nabuh gamelan lan
ngiringi pagelaran wayang diarani niyaga. Crita wayang kang biyasane dadi lakon
ing pagelaran wayang kulit iku njupuk saka crita Mahabarata lan Ramayana. Mahabarata
iku crita kang isine babagan pandhawa lan kurawa. Ramayana iku crita kang isine
babagan Rama lan Sinta. Ing ngisor iki bakal diandharake piranti-piranti kang
digunakake ing pagelaran wayang kulit.
Piranti
|
Katrangan
|
|
Kain
mori putih kang didadekake geber. Kelir iki nggambarake jagad, papan
panggonan dumadine crita utawa lakon. Nonton wayang kulit iku dhek jaman
biyen ing saburine kelir kang kesorotan blencong.
|
|
|
|
Gunane
kanggo nancepake wayang. Ana
wayang
kang ditata ing kiwa lan tengen, jenenge simpingan. Ana wayang sing bakal
diobahake, dicritakake Ki Dhalang.
|
|
Digawe
saka kayu, dithuthukake ing kothak dening Ki Dhalang. Cempala uga diarani
keprak. Gunane akeh banget. Ki Dhalang menehi ada-ada utawa pratandha kanthi
cempala.
|
|
Wujud
wilahan tipis, cacahe 3-4 lapis. Gunane meh padha karo cempala, mung swarane
kang beda. Unine kepyak iku jalaran dijejeg Ki Dhalang, bisa uga amarga dithuthuk
nganggo cempala.
|
Wacanen
teks crita wayang ing ngisor iki kanthi premati!
Srikandhi
Madeg Senapati
Para
putra Wirata yaiku Raden Utara, Raden Wratsangka, lan Raden Arya Seta sing
dadi senapatine Pandhawa padha gugur dadi kusumane bangsa. Katelune gugur ing
perang Baratayuda nalika mungsuh Resi Bisma. Mulane kulawarga Pandhawa banjur
rundhingan nemtokake sapa sing bakal madeg senapati ngganteni para putrane
Prabu Matswapati sing padha gugur. Prabu Matswapati kuwi ratu ing nagara
Wirata sing ngrewangi Pandhawa amarga kepotangan budi marang para Pandhawa
sing biyen nylametake nagara Wirata.
Prabu
Kresna disuwuni pamrayoga, kira-kira sapa sing bisa ditandhingake karo
senapatine Kurawa, yaiku Resi Bisma sing kasektene ngedab-edabi. Prabu Kresna
banjur kelingan lelakon kang wis kawuri. Panjenengane kelingan nalika Resi
Bisma isih timur lan isih nganggo jeneng Raden Dewabrata. Nalika iku ana
wanodya aran Dewi Amba sing pengin suwita marang sang Dewabrata, nanging
amarga panjenengane nglakoni wadat utawa ora bakal duwe garwa, mula Dewi Amba
katulak. Kanggo meden-medeni supaya Dewi Amba ora nyedhak, Raden Dewabrata
ngetokake jemparinge. Nanging tanpa kanyana-nyana jemparing kuwi mrucut lan
mlesat ngenani dhadhane Dewi Amba. Sanalika Dewi Amba mati, nanging sukmane
duwe pangajab bakal males pati marang Raden Dewabrata.
Prabu
Kresna banjur duwe panemu manawa sing kudu madeg senapati yaiku Srikandhi
amarga Resi Bisma wis prasetya yen ora bakal perang lawan wanita. Dewi
Srikandhi banjur digawani panah pasopati kagungane garwane banjur maju perang
madeg senapati. Sang Dewi ora duwe wedi, dheweke terus maju nglawan para mungsuhe
ing perang Baratayuda sing mapan ing Tegal Kurusetra. Wusanane, Dewi
Srikandhi kudu tandhing karo Resi Bisma. Dheweke ngeculake jemparinge marang
Resi Bisma, nanging amarga kasektene Sang Resi, ora ana siji-sijia panah sing
kena. Dewi Srikandhi ora gigrig. Dheweke isih tetep ngupaya menangake
palagan. Resi Bisma sing sakawit ora gelem nglawan Srikandhi, banjur wiwit
nglawan amarga diserang terus dening Srikandhi. Nalika Srikandhi arep kasoran
yudha, dumadakan sukmane Dewi Amba mlebu menyang anggane Dewi Srikandhi
kanthi nggawa cupu. Bubar mirsani cupu kuwi mau, Resi Bisma banjur kelingan
manawa Dewi Amba bakal mapag patine.
Dewi
Srikandhi nyembah marang Resi Bisma banjur menthang gendewa Pasopati. Panah Pasopati
sanalika tumancep ing pulung atine. Resi Bisma banjur rubuh. Pandhawa lan
Kurawa gage ngrubung Resi Bisma. Sang Resi banjur nyuwun bantal. Prabu
Duryudana gage-gage nyaosake bantal sing empuk lan endah, nanging Resi Bisma
ora kersa nampani. Prabu Kresna tanggap ing sasmita banjur ndhawuhi Raden
Arjuna golek bantal. Ora sawatara suwe, Raden Arjuna ngaturake bantal sing
digawe saka remukan-remukan senjata perang Baratayuda. Resi Bisma nampa
bantal kuwi kanthi bungah lan ngaturake panuwun. Amarga ngelak banget, Resi
Bisma banjur nyuwun digolekake unjukan. Prabu Duryudana banjur ngaturake
anggur sing enak lan seger, nanging Resi Bisma nulak. Raden Arjuna banjur
nggawakake banyu sisa kanggo ngumbah senjata. Resi Bisma karenan penggalihe.
Panjenengane ngaturake panuwun marang Pandhawa lan ndongakake muga-muga
Pandhawa unggul ing yuda. Wusanane, Resi Bisma gugur sawise mirsani Pandhawa
unggul ing Perang Baratayuda. Sanajan dadi mungsuh ing perang, para Pandhawa
tetep aweh pakurmatan marang Resi Bisma minangka simbahe.
(Karakit saka lakon “Srikandhi Senapati”
dening Ki Manteb Sudarsono)
|
Komentar
Posting Komentar