Tuladha Geguritan Sandi Asma


Geguritan Kapisan
Lumantar Bayu 
dening Hayu 

Suka rena nalika sira teka
Ra krasa wus setaun iketaning tresna
Ingsun tan bisa ngempet rasa
Netra uga tan bisa ngempet suka
Udan luh tumetes saka netra
Rasa rumangsa sira nyata ana
Rong taun wus kaliwat
Atiku tan bisa ngalih
Hanjejeri lumakumu
Anggandheng tanganmu
Yekti amung lamun
Uluk salamku lumantar bayu

Geguritan Kapindho
Pangajab Driya
dening Hayu

Sira pepujaning nala
Atiku tansah nandhang tresna.
Hamengku rasa kang wus meh nem warsa.
Ra krasa warsa wus ginanti warsa.
Udarasa seneng sedhih susah lawan cuwa.
Lelakon kang wus kaliwat saben dina.
Apa amung pangrasa sedhela?
Nora, nora kangmas...
Driya manah kula namung kangge slira.
Raga jiwa sarta wardaya kawula.
Idin mring Gusti supaya ngijabah.
Angen-angen antuk krama.
Nadyan kadya nengga sawarsa.
Tetep ingsun badhe nengga.
Ora bakal cidra pangrasa.

Komentar

Postingan Populer