Langsung ke konten utama

Dongeng Fabel



    • Dongeng Fabel 

    Dongeng fabel yaiku sawijining crita fantasi kang paraga utamane awujud kewan, tetuwuhan, utawa piranti/samubarang kang solah bawane kaya manungsa. Bisa caturan, mikir, lan tumindak kaya dene manungsa. Saben fabel mesthi ngemot piwulang moral utawa piwulang wigati kang bisa didadekake tuladha ing bebrayan. 

     

    • Tuladha Wacan Dongeng 

    Tuladha ing ngisor iki, crita karangan kang dianggit dening panulis blog iki dhewe. Crita iki uga dinggo maju lomba ndongeng FTBI ing tingkat kutha Surakarta taun 2025, sanajana mung masuk 10 besar. Yen arep copas, aja lali sertakan sumber ya lur, aja dadi wong kang seneng plagiat. 

     

    Kebo Bule lan Macan Tutul

    ( dening Hayu)

    Ing alas sacedhaking Gunung Lawu, urip maneka werna sato iwen. Kebo Bule, salah sawijining kewan kang kawentar gagah prakosa lan paling wicaksana saindenging alas. Kewan-kewan ing kono padha kurmat lan seneng njaluk tulung marang dheweke. Dening para kewan, Kebo Bule diceluk Mbah Slamet. Saben dinane, Mbah Slamet dolan ana ing sendhang sumber tirta kahuripan. Diarani tirta kahuripan jalaran sendhang kasebut dadi sumber kahuripane para kewan-kewan ing alas kono.

    Saka sendhang mau, miline banyu tanpa kendhat njalari dumadine kali lan misah alas dadi loro. Alas panggone Kebo Bule alias Mbah Slamet diarani Alas Wetan, dene alas sebrange diarani Alas Kulon. Ing Alas Kulon, urip sawijining kewan kang kondhang paling kuwat lan paling diwedeni dening kewan liyane. Sapa ya kira-kira? Dheweke yaiku Macan Tutul. Macan Tutul kekancan karo Mbah Slamet. Macan Tutul misuwur kanthi sebutan Kang Loreng.

    Mbah Slamet seneng reresik sendhang supaya banyune tetep bening lan bisa diombe dening kabeh kewan Alas Kulon. Beda banget karo Kang Loreng, dheweke ora patia preduli bab karesikan. Minangka kewan karnivora kang seneng mangan daging, Kang Loreng malah kerep ngregedi kali karo turah-turahan daging panganane, kang suwe-suwe dadi bosok. Ditambah, akeh uwuh kang ngregedi kali arupa gendul bekas ombe, kresek, lan plastik bekas panganan kang ginuwak sembarangan ing cedhak kali kono. Lha kok bisa ana uwuh? Ya bisa wae, mergane alas kono dadi jalur para pendaki gunung. Lan manehe, ora kabeh pendaki kaya Mbah Slamet sing seneng njaga karesikan, ana wae pendaki kang polahe kaya Kang Loreng, senengane mbuwang uwuh kanthi sembarangan.

    Sawijining wektu, Dhaerah Lawu disuntak udan deres meh saben dinane. Kali sajroning alas dadi buthek lan banyune nganti arep luber. Kyai Slamet dadi kuwatir.

    (swara kebo bule) “Wah yen ngene terus, alas kene bakal kebanjiran, bahaya iki,” ngomonge kanthi dibatin.

    Kyai Slamet banjur mlaku-mlaku turut kali, ngresiki uwuh sadawane dalan sing diliwati. Dumadakan, dheweke weruh tumpukan uwuh plastik ing cedhak omahe Kang Loreng. Uwuh-uwuh kuwi sing njalari mampeting ili banyu kali.

    Kyai Slamet mbengok saka sebrang kali. (swara kebo bule) “Woii…. Kang Loreng…. Uwuh cedhak omahmu iki ndang resikana. Yen ora diresiki, banyune kali ora bisa mili lancar, mengko alase banjir….!!!”

    Sing dibengoki lagi asik mangan daging, (swara macan tutul) “Halah, rapopo yo…. Mung uwuh samono kok ribut sih jenengan. Ora-orane yen nganti banjir. Keli dhewe mengko uwuhe suwe-suwe.”

    Merga gregeten, dheweke nyebrang nyedhaki Kang Loreng (swara kebo bule) “Heh… ora bisa ngono. Uwuh plastik iki ora bisa ajur kaya daging sing mbok pangan kuwi. Yen numpuk terus ngene ki, nganggu ekosistem kali, saliyane kuwi uga bisa nyebabake banjir merga nyumpet ilining banyu kali. Kae lho yen ora percaya, delengen kaline wis meh amber luber!!!”

    Kang Loreng sing sadurunge asik mangan, banjur nyawang kahanan kali sacedhake kang buthek lan meh amber luber mbanjiri alas. Kewan-kewan alas liyane uga ora katon merga wis padha ngungsi wedi yen kebanjiran. Dheweke wiwit rumangsa salah.

    (swara kebo bule) “Ayo wis saiki nyingkiri tumpukan uwuh-uwuh plastik iki, cepet! Yen dudu awake dhewe sapa meneh sing mbakal njaga alas kene!!”

    Pungkasane, Kang Loreng lan Mbah Slamet bebarengan ngresiki tumpukan uwuh plastik. Sanajan awake kesel, Kang Loreng ngrasakne seneng amarga sendhang lan kaline dadi resik maneh.  

    Saka crita dongeng fabel iki, aku lan kanca-kanca kabeh bisa njupuk pelajaran kang becik. Apa kuwi? Kang sepisan, yaiku bab kekancan lan urip rukun. Sanajan sipate beda, kekancan bisa tetep rukun lan ngelingke menawa kancane salah supaya tumindak sing bener. Saliyane kuwi, njaga lingkungan iku dadi tanggung jawab awake dhewe kabeh supaya alam tetep lestari, lan awake dhewe kudu mbuwang uwuh ing panggon sing bener, ora kena sembarangan ben ora nyebabake banjir lan masalah ekosistem liyane. 

     

     


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kriteria Penilaian Lomba Pidato dan Contohnya (Bahasa Jawa)

If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~ Kriteria Penilaian Lomba Pidato dan Contohnya  Perhatikan baik-baik penjelasan kriteria penilaian dalam lomba pidato berikut ini  1. Kesesuaian tema, judul dan isi pidato Peserta pidato akan menyampaikan judul pada awal memulai. Isi adalah apa yang disampaikan dalam berpidato. Dalam hal ini ketentuan dalm lomba menjadi landasan. Jika judul sudah ditentukan maka otomatis semua peserta akan membawakan judul yang sama, namun jika hanya tema maka judul akan bervariasi. Dari situ penilai atau juri bisa mengukur kesesuaian tema, judul dan isi yang dibawakan 2. Sistematika pembawaan ( pembuka, isi, penutup) Sangat dasar dalam berbicara di depan publik termasuk berpidato mempunyai urutan pembuka, isi dan penutup yang harus dibawakan dengan tepat oleh peserta lomba pidato. Jika ada salah satu yang kurang maka akan menjadi nilai minus. 3.  Bahasa yang bagus Pertama bahasa...

RPP CERITA RAKYAT BAHASA JAWA KURIKULUM 2013 KELAS 7 SMP

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) Satuan Pendidikan               : SMP Negeri 3 Sukoharjo Mata Pelajaran                     : Bahasa Jawa Kelas /Semester                    : VII /I Materi Pokok                       : Cerita Rakyat Alokasi Waktu                     : 4 x pertemuan (8 jp) A.       Kompetensi Inti KI 1   Menghayati   dan mengamalkan   ajaran   agama yang dianutnya. KI 2   Menghargai dan men g hayati perilaku jujur, disil...