Langsung ke konten utama

Tuladha Pawarta Bahasa Jawa





1. Pangertene Pawarta
Pawarta yaiku lapuran ngenani kedadeyan nyata kang aktual, kedadeyane ora dinuga, lan narik kawigaten wong akeh. Kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake iku awujud kadadeyan saben wektu sing ana ing donya iki, umpamane: lindhu (gempa bumi), perang, banjir, lan liya-liyane. Pawarta bisa diandharake ana ing ariwarti utawa koran, ing kalawarti utawa majalah, bisa digiyarake ana ing radhio, lan bisa digiyarake ana ing televisi. Malah ing jaman kang teknologine wis maju kaya saiki, pawarta apa wae bisa digoleki lan ditemokake ana ing internet.
2. Titikane Pawarta
Ora saben prastawa utawa kadadeyan bisa didadekake lapuran pawarta, ana saperangan titikan (ciri-ciri) kang kudu dipepaki supaya kadadeyan utawa prastawa kasebut bisa ditulis minangka pawarta. Ing ngisor iki ciri-cirine pawarta:
1.    Aktual
Informasi sajrone pawarta iku njlentrehake kadadean sabenere, cetha, lan dadi omongan wong akeh.
2.    Ringkes lan cetha
Informasi sajrone pawarta nganggo basa kang ringkes, cetha, lan gampang dimangerteni.
3.    Narik kawigaten
Informasi sajrone pawarta kudu narik kawigaten lan ngandharake bab kang disenengi sing maca.
4.    Apa anane
Informasi sajrone pawarta iku dijlentrehake apa anane, ora ditambah utawa dikurangi, cocog karo kadadean sanyatane.
3. Unsur Pawarta
Saliyane iku, pawarta kudu ngemot unsur-unsur 5W+1H (apa, sapa, ana ngendi, kapan, geneya/kena ngapa, lan kepriye) supaya pawarta kuwi diarani jangkep informasine. Unsur-unsur 5W+1H kuwi kalebu unsur-unsur sing baku tumrap teks pawarta. Ing ngisor iki panjlentrehane unsur 5W+1H.
1.    Apa utawa what
Perangan Iki ngrembug babagan apa sing dadi punjering pawarta utawa informasi apa sing arep diwartakake. Unsur iki uga ngandharake kedadeyan utawa prastawa apa sing dadi punjering pawarta sing ditulis.
2.    Sapa utawa who
Sapa ana ing kene ateges paraga-paraga kang nindakake prastawa. Paraga kang ana sambung rapete karo prastawa utawa kedadeyan sing didadekake pawarta.
3.    Ana ngendi utawa where
Unsur iki biyasane ngrembug babagan papan panggonan dumadine prastawa sing diwartakake. Papan panggonan iki kudu diandharake kanthi jangkep supaya para pamaca pawarta ngerti kanthi jangkep lan ora dadi seling-surupe pemanggihe para pamaca pawarta, amarga ana saperangan papan panggonan utawa daerah sing nduwe jeneng nanging panggonane beda. Dadi unsur papan panggonan iki kudu kaandharake kanthi jangkep, kalebu jeneng desa, jeneng kecamatan, jeneng kabupaten, yen bisa nganti jeneng provinsi.
4.    Kapan utawa when
Unsur iki ngrembug bab wektu dumadine prastawa utawa kedadeyan kang ditulis ana sajroning pawarta. Wektu kedadeyan iki lumrahe ditulis nganggo dina, tanggal, sasi, lan taun dumadine prastawa utawa kedadeyan sing diwartakake ana sajroning pawarta.
5.    Kena apa utawa why
Ngandharake babagan alesan utawa sebabe prastawa utawa kedadeyan kuwi dumadi. Amarga ora mokal saben prastawa utawa kedadeyan mesthi ana sebab sing njalari kedadeyan kuwi dumadi. Tuladhane, ana tabrakan neng ndalan kang disebabake sopir ngantuk.
6.    Kepriye utawa how
Perangan iki ngandharake prastawa kanthi jangkep, wiwit saka runtut-runtutaning prastawa utawa kedadeyan, panyebabe, nganti kepriye pungkasaning prastawa utawa kedadeyan sing dilapurake dadi sawijining pawarta. Tuladhane pawarta kang ngandharake babagan upacara Kirab Malem 1 Suro ana ing Kraton Surakarta, kamangka bakal karembug babagan tata lakuning upacara, wiwit persiapan, wektu diadani upacara Kirab Malem 1 Suro nganti pungkasaning acara kang lumaku.

 Tuladha Teks Pawarta: 
Banjir Nrajang Trenggalek 

Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes marang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandhang. Lemah longsor lan banjir bandhang nrajang telung kecamatan ing kabupaten Trenggalek, yaiku kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampak.

Prahara banjir bandhang lan tanah longsor mau kelakon ing dina Selasa, 16 Agustus 2016 pukul 22.00 WIB, sawise udan deres meh sedina sewengi ora leren. Prahara lemah longsor kang nggawa korban jiwa 1 asal desa Senden Kecamatan Kampak, lagi surut lan bisa ditangani ing ing dina Rabu, 17 Agusutus 2016.
Prahara banjir bandhang medhotake kreteg ing dalan sing ngubungake kecamatan Kampak-Munjungan lan Kampak-Gandusari uga ngrendhem ewonan omah. Pedhote kreteg mau nyebabake bantuan kanggo korban prahara banjir bandhang sing diliwatake BPBD ora bisa dikirim kanthi lancar.

If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~
 





Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kriteria Penilaian Lomba Pidato dan Contohnya (Bahasa Jawa)

If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~ Kriteria Penilaian Lomba Pidato dan Contohnya  Perhatikan baik-baik penjelasan kriteria penilaian dalam lomba pidato berikut ini  1. Kesesuaian tema, judul dan isi pidato Peserta pidato akan menyampaikan judul pada awal memulai. Isi adalah apa yang disampaikan dalam berpidato. Dalam hal ini ketentuan dalm lomba menjadi landasan. Jika judul sudah ditentukan maka otomatis semua peserta akan membawakan judul yang sama, namun jika hanya tema maka judul akan bervariasi. Dari situ penilai atau juri bisa mengukur kesesuaian tema, judul dan isi yang dibawakan 2. Sistematika pembawaan ( pembuka, isi, penutup) Sangat dasar dalam berbicara di depan publik termasuk berpidato mempunyai urutan pembuka, isi dan penutup yang harus dibawakan dengan tepat oleh peserta lomba pidato. Jika ada salah satu yang kurang maka akan menjadi nilai minus. 3.  Bahasa yang bagus Pertama bahasa...

RPP CERITA RAKYAT BAHASA JAWA KURIKULUM 2013 KELAS 7 SMP

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) Satuan Pendidikan               : SMP Negeri 3 Sukoharjo Mata Pelajaran                     : Bahasa Jawa Kelas /Semester                    : VII /I Materi Pokok                       : Cerita Rakyat Alokasi Waktu                     : 4 x pertemuan (8 jp) A.       Kompetensi Inti KI 1   Menghayati   dan mengamalkan   ajaran   agama yang dianutnya. KI 2   Menghargai dan men g hayati perilaku jujur, disil...

Dongeng Fabel

Dongeng Fabel  Dongeng fabel yaiku sawijining crita fantasi kang paraga utamane awujud kewan, tetuwuhan, utawa piranti/samubarang kang solah bawane kaya manungsa. Bisa caturan, mikir, lan tumindak kaya dene manungsa. Saben fabel mesthi ngemot piwulang moral utawa piwulang wigati kang bisa didadekake tuladha ing bebrayan.    Tuladha Wacan Dongeng  Tuladha ing ngisor iki, crita karangan kang dianggit dening panulis blog iki dhewe. Crita iki uga dinggo maju lomba ndongeng FTBI ing tingkat kutha Surakarta taun 2025, sanajana mung masuk 10 besar. Yen arep copas, aja lali sertakan sumber ya lur, aja dadi wong kang seneng plagiat.    Kebo Bule lan Macan Tutul ( dening Hayu) Ing alas sacedhaking Gunung Lawu, urip maneka werna sato iwen. Kebo Bule, salah sawijining kewan kang kawentar gagah prakosa lan paling wicaksana saindenging alas. Kewan-kewan ing kono padha kurmat lan seneng njaluk tulung marang dheweke. Dening para kewan, Kebo Bule diceluk...