Lamise Esem


Ra krasa wus satus dina linuwih sira ninggalna janma

Nala tansah nandang sara, raga tansah lumampah kaya samadya 

Luh tumetes sadhuwuring bantal lawan guling 

Pikiran banter namung esem kedah tetep sumungging 

Sakabehing manungsa mesthi duweni prakara kang rubeda 

Gusti peparing dalan kang ora amung rata, kala lurus kala menggok kala munggah lan  sakala mudhun 

Prakara kang wus dianggep cuthel nyatane isih methentheng nujem 

Wardaya kang disangka wus ayem sanyatane obah masik kaya dermolem 

Sanalika mustaka kenceng gulu cengeng


 

 


Komentar

Postingan Populer