Wangsalan Jawa

MATERI WANGSALAN KELAS 8 (Kurikulum Merdeka) 



Pangertosan 

Unen-unen Jawa iku ana akeh jinise kayata parikan, cangkriman, wangsalan, paribasan, lan sapanunggalane. Kang diarani wangsalan yaiku unen-unen sabangsane cangkriman kang dikantheni sakbatangane sanadyan mung nyrempet wae. Wangsalan iku mawa batangan (bedhekan), dene parikan tanpa batangan. 


Jinise Wangsalan 

Jinis wangsalan ana 4 warna, yaiku wangsalan ing paguneman lumrah (padinan), wangsalan lamba, wangsalan rangkep lan wangsalan kang ana ing tembang.

1. Wangsalan padinan

Wangsalan padinan iku kadhapuk nganggo basa lumrah utawa basa padinan. Wangsalan iku sok-sok ora kasebutake batangane, amarga wong sing maca utawa sing ngrungu dianggep wis ngreti marang maksude, amarga wis lumrah ing bebrayan.

Tuladha

Mbok aja nglemah bengkah akeh enggon kok lungguh nyela-nyela.

lemah bengah = nela --> nyela-nyela

Bocah cilik aja seneng ngrokok cendhak, neges-neges karo wong tuwa.

rokok cendhak = tegesan --> neges-neges

Eman temen, isih enom kok njangan gori

njangan gori = gudheg --> mbudheg

2. Wangsalan lamba

Wangsalan lamba iku kadhapuk saka sagatra

Tuladha:

Balung geni, mbok menawa mbok menawi.

balung geni: mawa --> menawa

Wohing tanjung, becik apa gawe gela?

wohing tanjung: kecik --> becik

3. Wangsalan rangkep/edipeni

Wangsalan rangkaep iku kadhapuk saka rong gatra

Tuladha

Jarwa candra (sasi), candra nedheng geng agengnya (purnama)

Wong susila, salahe anuju prana.


Kampuh nendra (kemul), tirta mijil saking angga (kringet)

Mula padha den enget ing tata krama.

4. Wangsalan ing tembang 

Wangsalan kang mapan ana sajroning tembang

Tuladha

Pangkur

Paliwara: M.N.W

Jirak pindha mungging wana (kesambi)

sayeg kaga (kala) we rekta kang muroni (anggur)

sinambi kalaning nganggur

wastra tumrap mastaka (iket)

pangikete wangsalan kang sekar Pangkur

babon sabining nawala (karya)

kinarya langen pribadi.


Nulis Wangsalan 

Carane gawe wangsalan iku satemene ora angel: sing dikarang luwih dhisik perangan buri (ukara sing isi batangane), banjur ngarang perangan ngarep (ukara sing isi wangsalan) tiba keri. Tuladha: Muga-muga sida tenan.

Saka ukara ing dhuwur dijupuk satembung utawa sawanda sing bisa dianggo wangsalan. Upamane tembung sida, dianggo wangsalan, sing batangane sada sarana unen-unen balung janur. Dadine wangsalan kang sampurna banjur muni → balung janur, muga-muga sida tenan.


Komentar

Postingan Populer