Kriteria Penilaian Lomba Pidato dan Contohnya (Bahasa Jawa)




If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~

Kriteria Penilaian Lomba Pidato dan Contohnya 


Perhatikan baik-baik penjelasan kriteria penilaian dalam lomba pidato berikut ini 

1. Kesesuaian tema, judul dan isi pidato
Peserta pidato akan menyampaikan judul pada awal memulai. Isi adalah apa yang disampaikan dalam berpidato. Dalam hal ini ketentuan dalm lomba menjadi landasan.

Jika judul sudah ditentukan maka otomatis semua peserta akan membawakan judul yang sama, namun jika hanya tema maka judul akan bervariasi.

Dari situ penilai atau juri bisa mengukur kesesuaian tema, judul dan isi yang dibawakan


2. Sistematika pembawaan ( pembuka, isi, penutup)

Sangat dasar dalam berbicara di depan publik termasuk berpidato mempunyai urutan pembuka, isi dan penutup yang harus dibawakan dengan tepat oleh peserta lomba pidato. Jika ada salah satu yang kurang maka akan menjadi nilai minus.


3.  Bahasa yang bagus
Pertama bahasa pasti disesuaikan dengan bahasa ketentuan pidato. Bukan berarti bahasa yang baku dan kaku, tetapi lebih tepat bahasa yang bisa dipahami dan dinikmati oleh audience


4.  Vokal/ Artikulasi/ Intonasi
Intonasi  yang tepat untuk suara pelan  dan suara keras sesuai dengan isi untuk menghidupkan suasana saat berpidato. Ini menjadi kunci penilaian, karena tidak setiap siswa mampu membawakan intonasi dengan tepat.


5. Gaya/ Mimik dan Improvisasi
Selain intonasi mimik wajah juga berpengaruh. Bisa anda lihat pembicara profesional seperti ustadz dan orator, mereka memainkan mimik yang bagus sehingga menghidupkan isi pidatonya.


6. Ketepatan waktu
Waktu yang baik adalah minimalnya selesai kurang dari 2 menit, jika lebih juga tidak lebih dari 2 menit. Ketepatan waktu bukan nilai tertinggi dalam kriteria penilaian lomba pidato. Hanya sebagai nilai pelengkap dari kriteria yang lain.



Angka Penilaian Juri
Dalam menentukan nilai akan dijumlahkan dari 6 kriteria diatas. Setiap kriteria misalkan dari 10 sd 100 sehingga nilai tertinggi adalah 600. Nilai ini bisa sangat fleksibel sesuai kesepakatan juri atau panitia lomba.
no
nama
Asal sekolah
Ekspresi/ mimik
Lafal/ intonasi
Teknik vokal
isi
Akurasi  waktu
skor





































Nilai: 50-100 per item
CONTOH PIDATO: 

 

Wigatinipun Tertib Lalu Lintas

Assalamu’alaikum wr.wb
Ingkang kinurmatan bapak ibu dewan juri
Ingkang kula kurmati bapak ibu guru
Sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani

Puji syukur tansah konjuk wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan awujud kasarasan, rahmat, sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan sedaya. Saengga kula lan panjenengan sedaya saged kempal wonten ngriki saperlu hangrawuhi adicara “Lomba Basa Jawa” ing kalenggahan punika kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Para rawuh ingkang kula kurmati
Kula wonten ngriki badhe ngaturaken sesorah babagan “Wigatinipun Tertib Lalu Lintas”. Kula lan panjenengan sedaya tamtu sampun sami mangertos, bilih kita punika gesang ing jaman modern. Kita saged mangertos maneka warna kendharaan, kados ta motor, mobil, bis, trek, pesawat, lan sapanunggalanipun. Kendharaan kala wau nggampilaken kita supados langkung cepet dugi panggenan ingkang badhe kita tuju. Ananging sedaya kala wau ugi saged ngrugekaken menawi kita boten tumindak disiplin. Kanca-kanca, disiplin punika endah, nggihh...? Punapa kita sampun nanem jiwa disiplin wonten dhiri kita piyambak-piyambak? Kasunyatanipun, taksih kathah dipunprangguli prekawis-prekawis bab nerak tertib lalu lintas.
Kula gadhah cariyos, ngenani keluarganipun Mas Danang. Mas Danang dipundhawuhi bapakipun tumbas semen wonten toko bangunan kangge nembel jobin griya ingkang risak.
Mangkene ngendika : “Le… Danang… tulung tukokne semen ana toko bangunan sing cedhak pasar kae!”
Danang jawab : “Nggih pak sekedhap”. (Mas Danang mara nyedhaki bapake nanging karo mbukak hpne)
Bapak : “nyoh… iki dhuwite, tukokne limang kilo wae!”
Danang : “nggih… gangsal kilo pak?”
Bapak : “ya… kana ndang budhal”
Danang: “inggih… pak!”

Kacarita.........
Mas Danang budhal tuku semen kanthi numpak sepeda motor. Nalika numpak motor sinambi maca HP. Lha.... ora ngira ora nyana ana truk ing sangarepe. Mas Danang niyate arep nginggati, eh.. malah nabrak cagak listrik. Bruuuukkk... gedobrak... Mas Danang tiba, awake babak bundhas. Tujune enten warga sing mitulungi, Mas Danang banjur digawa menyang Rumah Sakit.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Awit saking prastawa kala wau, kita saged mangertosi bilih nitih kendharaan sinambi mirsani hp punika tumindak ingkang boten leres. Pramila kula lan panjenengan sedaya ampun pisan-pisan dolanan hp nalika nembe nitih kendharaan, amargi badhe ndadosaken kacilakaan wonten margi.
Prastawa kalawau saged ndadosaken kacilakaan wonten margi jalaran saking kirang ngatos-atosipun tiyang ingkang nitih kendharaan. Bab sanesipun inggih punika saking kawontenan kendharaanipun ugi saking kawontenan marginipun. Wonten ing saperangan wilayah taksih kathah margi ingkang kawontenanipun risak, bolong-bolong, boten rata saengga nyebabaken  kacilakaan ingkang inggil.
Menawi saking kendharaanipun punika, kados ta kaca spion ingkang boten lengkap, kamangka kaca spion punika dipunginakaken kangge mirsani kendharaan wonten wingkingipun. Salajengipun inggih punika knalpot ingkang dipungantos kaliyan knalpot ingkang boten baku saengga swantenipun sora saged ganggu tiyang sanes.
Para rawuh ingkang kula kurmati,
Tertib lalu lintas punika tumindak ingkang leres. Saking prastawa-prastawa ingkang sampun kadadosan, kita saged narik dudutan menawi aturan punika dipundamel kangge njagi karahayon kita sedaya. Awit saking punika, sumangga kita sedaya sami taat dhateng aturan lalu lintas, supados kita sedaya katebihaken saking kacilakaan lalu lintas punika.

Kula badhe ngaturaken tembang dolanan babagan tertib lalu lintas:
Saiki aku wis gedhe…
Sekolah mangkat dhewe..
Ora usah dieterake mangkat bareng kancane…
Yen mlaku turut pinggiran, ora pareng gojekan
Ing dalan akeh kendharaan, mengko mundhak tabrakan.

Cekap semanten anggen kula matur. Kula punika naming jalma limrah titah sawantah tebih saking kasampurnaning gesang. Menawi wonten klenta-klentunipun anggen kula matur, kirang tata trapsila ingkang boten mranani, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wabillahitaufik wal hidayah
Wasalamu’alaikum wr.wb

Komentar

Postingan Populer