Geguritan "Kalamun Kingkin"



Kalamun Kingkin
dening Hayu



Kena apa?
Kena apa sira nora bisa lunga
Lunga saka nala lan pikir ingsun
Sun amung bisa nyawang
Nyawang sira ana raga liya
Wong liya kang memper
Memper solah bawanira
Memper pasuryanira

Apa iki sing jenenge kalantur tresna?
 Tresna tan kena kinira
Tresna kang gawe bungah
Tuwin agawe cuwa
Cuwa myang sira

Bab iki samsaya giris wardaya
Nalika amung ingsun kang emut myang sira
Nalika amung ingsun kang  katula-tula
Nalika amung ingsung kang nandang wuyung

titi mangsa: 15/9/2017, 19.03 WIB

Komentar

Postingan Populer