Langsung ke konten utama

Postingan

Unggulan

Wangsalan Jawa

MATERI WANGSALAN KELAS 8 (Kurikulum Merdeka)  Pangertosan   Unen-unen Jawa iku ana akeh jinise kayata parikan, cangkriman, wangsalan, paribasan, lan sapanunggalane. Kang diarani wangsalan yaiku unen-unen sabangsane cangkriman kang dikantheni sakbatangane sanadyan mung nyrempet wae. Wangsalan iku mawa batangan (bedhekan), dene parikan tanpa batangan.  Jinise Wangsalan  Jinis wangsalan ana 4 warna, yaiku wangsalan ing paguneman lumrah (padinan), wangsalan lamba, wangsalan rangkep lan wangsalan kang ana ing tembang. 1. Wangsalan padinan Wangsalan padinan iku kadhapuk nganggo basa lumrah utawa basa padinan. Wangsalan iku sok-sok ora kasebutake batangane, amarga wong sing maca utawa sing ngrungu dianggep wis ngreti marang maksude, amarga wis lumrah ing bebrayan. Tuladha :  Mbok aja nglemah bengkah akeh enggon kok lungguh nyela-nyela. lemah bengah = nela --> nyela-nyela Bocah cilik aja seneng ngrokok cendhak, neges-neges karo wong tuwa. rokok cendhak = tegesan --> neges-neges Eman teme

Postingan Terbaru

Parikan (Pantun Jawa)

Harapan

Fanmeeting (Final)

Gema Panas

Cerita Gigi Bungsu

Fanmeeting (Awal)

Win Always Win

Esok Hari

Lila (?)

FBTI Kedua