Parikan (Pantun Jawa)

MATERI PARIKAN KELAS 7 (Kurikulum Merdeka) 


Pangertosan 

Parikan yaiku tetembungan utawa unen-unen kang dumadi saka rong gatra utawa patang gatra kang migunakake purwakanthi guru swara. Ing pasinaon Basa Indonesia parikan diarani pantun. Parikan = pantun Basa Jawa


Titikane Parikan 

  1. Cacahe wanda gatra kapisan kudu padha karo gatra kapindho.
  2. Tibaning swara gatra kapisan kudu padha karo gatra kapindho. 
  3. Gatra kapisan minangka bebuka (purwaka), gatra kapindho minangka isi (wos).
  4. Parikan bisa kadadeyan saka rong gatra utawa patang gatra.
  5. Parikan bisa kadadeyan saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kadadeyan saka wolung wanda saben sagatra.


Jinise Parikan 

Parikan miturut cacahe gatra kaperang dadi loro, yaiku

1. Parikan tunggal : parikan kang dumadi saka rong gatra 

Gatra kapisan minangka purwaka, gatra kapindho minangka isi (wos).

Tibaning swara gatra kapisan kudu padha tibaning swara gatra kapindho.

Tuladha

Manuk tuhu mencok pager (purwaka)

Sregep sinau mesthi pinter (isi)

2. Parikan rangkep : parikan kang dumadi saka patang gatra

Gatra kapisan lan kapindho minangka purwaka, gatra katelu lan kapapat minangka isi.

Tibaning swara gatra kapisan kudu padha karo gatra katelu, lan gatra kapindho kudu padha karo gatra kapapat.

Tuladha

Gunung Merapi gunung Merbabu (purwaka)

Kali Praga agung banyune (purwaka)

Mangga sami greget sinau (isi)

Ngangsu kawruh akeh gunane (isi)


Parikan miturut cacahe wanda bisa kaperang dadi telu, yaiku

1. (4 wanda + 4 wanda) × 2

iwak bandeng, durung wayu

priya gantheng sugih ilmu

2. (4 wanda + 8 wanda) × 2

kembang adas, sumebar tengahing alas

tiwas-tiwas, nglabuhi wong ora waras

3. (8 wanda + 8 wanda) × 2

enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga

dadi guru basa Jawa, wajib seneng olah basa


Gunane Parikan 

Parikan menika tradhisi lisan ingkang sampun diandharake kanthi turun tumurun ing masarakat Jawa. Parikan asringe dipunandharaken lumantar guneman (langsung), pidhato, lelagon/tetembangan, ugi sajroning crita rakyat. 

Saking iring makna utawa tegese, parikan nggadahi fungsi kangge sindiran, ekspresi jiwa susah, ekspresi ilmu sejati, lan estetika gendhing. 

Parikan kathah dipunginakaken wonten pamentasan utawa sarana hiburan (gara-gara wayang kulit, dagelan kethoprak, kentrung, lan jathilan), parikan uga dipunginakaken kangge sarana pesan sosial (pidhato lan crita rakyat). 



Komentar

Postingan Populer