Lila (?)



Srengenge angslup ing sisih kulon

Ati iki kaya kaya uga melu angslup

Handarbeni nanging durung teteg anggonku kelangan

Ra krasa wus sawarsa punjul limang sasi

Upayaku nglipur dhiri saben tangi

Lelungan jajan plesiran supaya ora kelaran sepi

Apa sira wus ayem ana ing swarga? 

Nora kelingan marang sun kang kandhamu pepujaning nala? 

Dongaku marang Gusti kang Akarya Jagad

Rena paringna marang slira

Ingkang sampun mampir wonten driya manah kawula

Ampun disiksa sanajan kathahing dosa

Nyuwunku dateng panjenengan ya Allah

Tan kendhat sanajan ora saben dina 

Omongku lan dongaku nalika bubar sembahyang




Geguritan adalah puisi versi Jawa, dan teks di atas adalah contoh geguritan sandi asma. Yang dimaksud sandi asma yaitu memasukkan nama atau sandi tertentu ke dalam karya geguritan. 



Komentar

Postingan Populer