Crita Wayang "Srikandhi Madeg Senapati"


If you wanna copy my stories, you must include the source. Be a good people, arigatou~

Ing tlatah Jawa, wayang ngrembaka tumekan saiki. Wiwitane, wayang dadi sarana kanggo muji syukur lan atur panuwun marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Jalaran wayang nuduhake watak kang religius, ngabekti marang Gusti, lan iku kabeh watak kapribadene wong Jawa. 
Wayang iku kabudayan asli Jawa. Ing tanggal 7 Nopember 2003 wayang wis diakoni marang UNESCO minangka kabudayan luhur bangsa Indonesia. Prastawa iki mratandhani yen donya ngakoni menawa wayang iku kabudayan kang luhur. Sapa wae sing gelem nyemak isi lan pitutur kang ana ing wayang bakal dituntun ing dalan kabecikan.
Wayang iku asale saka tembung “hyang” kang tegese dewa. Wong kang ngalokake utawa mimpin pagelaran wayang diarani dhalang. Dene, wong sing nabuh gamelan lan ngiringi pagelaran wayang diarani niyaga. Crita wayang kang biyasane dadi lakon ing pagelaran wayang kulit iku njupuk saka crita Mahabarata lan Ramayana. Mahabarata iku crita kang isine babagan pandhawa lan kurawa. Ramayana iku crita kang isine babagan Rama lan Sinta. Ing ngisor iki bakal diandharake piranti-piranti kang digunakake ing pagelaran wayang kulit.



Piranti
Katrangan
1.      Kelir 
Kain mori putih kang didadekake geber. Kelir iki nggambarake jagad, papan panggonan dumadine crita utawa lakon. Nonton wayang kulit iku dhek jaman biyen ing saburine kelir kang kesorotan blencong.
2.      Blencong 
Lampu, pepadhang kang madhangi kelir. Ayang-ayange wayang kang diobahake Ki Dhalang, kang ndadekake pagelaran wayang kulit iku narik ati lan nggumunake. Sebab bisa kaya urip lan memper karo lelakone manungsa ing donya iki.
3.      Gedebog 
Gunane kanggo nancepake wayang. Ana
wayang kang ditata ing kiwa lan tengen, jenenge simpingan. Ana wayang sing bakal diobahake, dicritakake Ki Dhalang.
4.      Cempala 
Digawe saka kayu, dithuthukake ing kothak dening Ki Dhalang. Cempala uga diarani keprak. Gunane akeh banget. Ki Dhalang menehi ada-ada utawa pratandha kanthi cempala.
5.      Kepyak 
Wujud wilahan tipis, cacahe 3-4 lapis. Gunane meh padha karo cempala, mung swarane kang beda. Unine kepyak iku jalaran dijejeg Ki Dhalang, bisa uga amarga dithuthuk nganggo cempala.


Wacanen teks crita wayang ing ngisor iki kanthi premati!
Srikandhi Madeg Senapati
Para putra Wirata yaiku Raden Utara, Raden Wratsangka, lan Raden Arya Seta sing dadi senapatine Pandhawa padha gugur dadi kusumane bangsa. Katelune gugur ing perang Baratayuda nalika mungsuh Resi Bisma. Mulane kulawarga Pandhawa banjur rundhingan nemtokake sapa sing bakal madeg senapati ngganteni para putrane Prabu Matswapati sing padha gugur. Prabu Matswapati kuwi ratu ing nagara Wirata sing ngrewangi Pandhawa amarga kepotangan budi marang para Pandhawa sing biyen nylametake nagara Wirata.
Prabu Kresna disuwuni pamrayoga, kira-kira sapa sing bisa ditandhingake karo senapatine Kurawa, yaiku Resi Bisma sing kasektene ngedab-edabi. Prabu Kresna banjur kelingan lelakon kang wis kawuri. Panjenengane kelingan nalika Resi Bisma isih timur lan isih nganggo jeneng Raden Dewabrata. Nalika iku ana wanodya aran Dewi Amba sing pengin suwita marang sang Dewabrata, nanging amarga panjenengane nglakoni wadat utawa ora bakal duwe garwa, mula Dewi Amba katulak. Kanggo meden-medeni supaya Dewi Amba ora nyedhak, Raden Dewabrata ngetokake jemparinge. Nanging tanpa kanyana-nyana jemparing kuwi mrucut lan mlesat ngenani dhadhane Dewi Amba. Sanalika Dewi Amba mati, nanging sukmane duwe pangajab bakal males pati marang Raden Dewabrata.
Prabu Kresna banjur duwe panemu manawa sing kudu madeg senapati yaiku Srikandhi amarga Resi Bisma wis prasetya yen ora bakal perang lawan wanita. Dewi Srikandhi banjur digawani panah pasopati kagungane garwane banjur maju perang madeg senapati. Sang Dewi ora duwe wedi, dheweke terus maju nglawan para mungsuhe ing perang Baratayuda sing mapan ing Tegal Kurusetra. Wusanane, Dewi Srikandhi kudu tandhing karo Resi Bisma. Dheweke ngeculake jemparinge marang Resi Bisma, nanging amarga kasektene Sang Resi, ora ana siji-sijia panah sing kena. Dewi Srikandhi ora gigrig. Dheweke isih tetep ngupaya menangake palagan. Resi Bisma sing sakawit ora gelem nglawan Srikandhi, banjur wiwit nglawan amarga diserang terus dening Srikandhi. Nalika Srikandhi arep kasoran yudha, dumadakan sukmane Dewi Amba mlebu menyang anggane Dewi Srikandhi kanthi nggawa cupu. Bubar mirsani cupu kuwi mau, Resi Bisma banjur kelingan manawa Dewi Amba bakal mapag patine.
Dewi Srikandhi nyembah marang Resi Bisma banjur menthang gendewa Pasopati. Panah Pasopati sanalika tumancep ing pulung atine. Resi Bisma banjur rubuh. Pandhawa lan Kurawa gage ngrubung Resi Bisma. Sang Resi banjur nyuwun bantal. Prabu Duryudana gage-gage nyaosake bantal sing empuk lan endah, nanging Resi Bisma ora kersa nampani. Prabu Kresna tanggap ing sasmita banjur ndhawuhi Raden Arjuna golek bantal. Ora sawatara suwe, Raden Arjuna ngaturake bantal sing digawe saka remukan-remukan senjata perang Baratayuda. Resi Bisma nampa bantal kuwi kanthi bungah lan ngaturake panuwun. Amarga ngelak banget, Resi Bisma banjur nyuwun digolekake unjukan. Prabu Duryudana banjur ngaturake anggur sing enak lan seger, nanging Resi Bisma nulak. Raden Arjuna banjur nggawakake banyu sisa kanggo ngumbah senjata. Resi Bisma karenan penggalihe. Panjenengane ngaturake panuwun marang Pandhawa lan ndongakake muga-muga Pandhawa unggul ing yuda. Wusanane, Resi Bisma gugur sawise mirsani Pandhawa unggul ing Perang Baratayuda. Sanajan dadi mungsuh ing perang, para Pandhawa tetep aweh pakurmatan marang Resi Bisma minangka simbahe.

(Karakit saka lakon “Srikandhi Senapati” dening Ki Manteb Sudarsono)


Komentar

Postingan Populer