Sesorah FTBI 2025
Berikut ini akan saya tampilkan naskah sesorah yang digunakan siswa untuk mengikuti lomba FTBI di tahun 2025. Semoga bermanfaat dan bisa digunakan sebagai referensi mengajar bapak/ibu guru maupun belajar para siswa siswi di sekolah.
1. Sesorah tema "Pakulinan Urip Sehat"
Kulanuwun
Assalamu’alaikum wr.wb.
Ingkang kinurmatan para
dewan pambiji adon wasis sesorah Basa Jawi
Bapak, Ibu, saha Prakanca sedaya ingkang tansah winengku ing karahayon
Ingkang
kaping setunggal, sumangga kula dherekaken munjokaken raos puji syukur
dhumateng Gusti ingkang Murbeng Dumadi, awit sih kanugrahan ingkang sampun dipunparingaken
dhumateng pajenengan sedaya dalasan kula. Satemah panjenengan sedaya lan kula
saged kempal wonten ing papan punika kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Ingkang
kaping kalih, kula ngaturaken sembah nuwun dhumateng sedaya panitia ingkang
sampun ngrancang kagiyatan ing dinten punika kanthi edi peni. Mugi-mugi adicara
“Festival Tunas Bahasa Ibu Tahun 2025” kalampahan kanthi lancar awit saking
seleksi tingkat kitha samenika ngantos samangke dumugi tingkat provinsi dalah
tingkat nasional. Aamiin Yaa Robbal ‘Aalamiin.
Bapa
saha ibu dewan juri ingkang satuhu bagyamulya, ing kalodhangan punika kula
badhe matur sesorah kanthi irah-irahan “Pakulinan Urip Sehat Salebeting
Kulawarga.”
Kesehatan
menika boten namung gayut kaliyan rumah sakit punapa dene obat-obatan kemawon.
Ananging, kesehatan menika ugi gayut kaliyan solah bawa ingkang
dipunkulinakaken wonten saben dintenipun. Wonten ing kahanan samenika, kathah
tiyang ingkang boten njagi pakulinan sehat ing saben dintenipun.
Para
rawuh ingkang kula kurmati, kesehatan menika ugi dados modal utami kangge
ibadah, nyambut damel, sinau, saha kangge nindakaken sedaya kagiyatan ing saben
dintenipun. Pakulinan sehat samenika saged dipunwiwiti saking lingkungan
kulawarga, kadosta:
1. Pakulinan Dhahar Ingkang Becik/Sehat
Dhaharan
ingkang dipunkonsumsi saben dintenipun menika saged mangaribawani dhateng
jasmani dalah rohani. Awit saking samenika, sumangga saben dintenipun saged
konsumsi dhaharan ingkang halal lan langkung becikipun ingkang ngemot gizi.
Ampun asring konsumsi dhaharan instan ingkang saged mbebayani jasmani utawi
badan.
Awit
samenika, saged dipunkulinakaken konsumsi buah saha sayur ing griya,
dipunkirangi jajan chiki utawi jajanan sanese ingkang instan. Ugi, langkung
wigati menawi asupan gendhis saha saremipun dipunkirangi kanthi cara mangsak
piyambak satemah bab menika saged dipunkontrol piyambak. Ampun ngantos boten
kulina sarapan ingkang sehat, amargi sarapan menika dados sumber energi kangge
miwiti kagiyatan saben dintenipun. Ingkang boten kalah wigati inggih menika
toya pethak. Sumangga dipunkulinakaken ngunjuk toya pethak 2-3 liter saben
dintenipun, langkung becikipun dipunsingkiri minuman kaleng lan ingkang ngemot
pemanis buatan.
2. Olahraga utawi Kagiyatan Fisik
Olahraga
menika saged ndadosaken badan sehat saha boten gampil sakit-sakitan. Menawi
males-malesan utawi mageran menika malah andadosaken badan gampil sakit lan
imun badanipun lemah. Ampun namung remen rebahan, scroll medsos punapa dene
nge-game ngantos boten ngelingi wekdal.
Langkung
becik bilih saben dinten menika nindakaken olahraga. Olahraga menika boten
awrat, saged awujud mlampah-mlampah, sepedhahan, jogging punapa dene senam.
Saben dinten saged dipunlodhangaken wekdal kangge olahraga, udakara 15 ngantos
30 menit.
3. Ngaso ingkang Cekap
Badan
utawi jasmani menika mbetahaken ngaso. Miturut panaliten, badan tiyang gesang
menika kedah ngaso 7 – 8 jam saben dintenipun. Tiyang ingkang asring begadang
utawi jarang tilem menika gampil dipuntempeli penyakit, kadosta penyakit
jantung, darah tinggi, obesitas, lan sapanunggalanipun. Pramila, sumangga sami
ngemutaken kulawarganipun supados jam ngasonipun cekap saben dintenipun.
Minangun
pakulinan sehat samenika inggih mbetahaken wekdal saha konsistensi. Sumangga
dipunwiwiti saking dhiri pribadhi lan kulawarganipun piyambak-piyambak
pakulinan sehat ingkang sampun kula andharaken kalawau. Kanthi 3 lampah alit
kalawau, inggih menika pakulinan dhahar sehat, olahraga, saha ngaso ingkang
cekap mugi-mugi saged andadosaken badan sehat.
Esuk-esuk
mangan cakuwe
Aja
lali kopi sandhingane
Pakulinan
sehat aja dilalekne
Mugi
urip sehat salawase
Mugi sesorah kula ingkang sakadhik samenika saged mupangati saha njalari semangat kangge ngulinakaken urip sehat. Matur nuwun awit kawigatosanipun, cekap semanten anggen kula matur. Sakathahing lepat kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum wr.wb.
Nuwun
2. Sesorah tema "Pakulinan Maos"
Kulanuwun..
Ingkang kinurmatan para dewan pambiji
adon wasis sesorah bahasa jawi
Bapak saha ibu sedaya tamu undangan
ingkang kula kurmati
Saha kanca-kanca ingkang tansah winengku ing karahayon
Ingkang sapisan,
sumangga kula dherekaken munjokaken raos puji syukur dhumateng Gusti ingkang
Murbeng Dumadi, ingkang sampun paring kasarasan, kanugrahan, lan
kabagaswarasan, satemah kula lan panjenengan sedaya saged kempal wonten ing
papan kalenggahan samenika saprelu hangrawuhi adicara “Festival Tunas Bahasa
Ibu Tingkat SMP Kitha Surakarta” kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Ingkang kaping
kalih, kepareng kula wonten ngriki badhe matur sesorah kanthi irah-irahan
“Pakulinan Maos Kangge Wiyaraken Kawruh”.
Maos menika boten
namung kagiyatan mirsani aksara-aksara. Kanthi ngulinakaken kagiyatan maos,
saben lembaran ingkang dipunbikak, saben larik tembung ingkang dipunpirsani,
saha saben ukara ingkang dipunpahami, alon-alon bakal lumebet lan rumasuk dados
informasi kang nambah wiyaring kawruh.
Lumantar kagiyatan
maos, panjenengan dalah kula saged mangertosi bilih kawruh ilmu menika maneka
werni. Tuladhanipun, nalika maos buku sejarah, kula saha panjenengan saged
mangertosi bab cariyos sejarah perjuwanganipun para pahlawan. Lajeng, nalika
maos buku budaya Jawi, saged dipunsinaoni bab adat istiadat, jinis tembang,
punapa dene filsafat gesangipun tiyang Jawi. Sanesipun, lumantar maos ugi saged
dimangertosi babagan budaya asing saking manca negara, kadosta dhaharan khas
tiyang Jepang menika sushi saha wasabi, tiyang Korea remen dhahar kimchi, tiyang
Itali remen dhahar pasta, lan sapanunggalanipun.
Para rawuh ingkang
bagya mulya,
Nalika tiyang
menika remen maos, piyambakipun bakal nggadhahi kawruh ingkang langkung wiyar.
Menawi kawruhipun sampun wiyar, tiyang menika ugi badhe langkung wicaksana lan
nggadhahi sipat tepa salira. Emanipun, ewadene mangertosi sakathahing mupangat
saking maos, nyatanipun literasi ing nagara Indonesia menika taksih andhap. Lapuran
saking UNESCO ing taun 2024 ngandharaken bilih minat maos masarakat Indonesia
menika namung sangandhaping 1%, ingkang ateges saking 1000 tiyang Indonesia
menika ingkang sregep utawi remen maos namung 1 tiyang. Data kalawau dados
alarm dhumateng kula lan panjenengan sedaya. Ampun ngantos amargi boten remen
maos, lajeng dados tiyang ingkang pitados pawarta hoax ing medsos.
Awit saking
menika, sumangga sami nuwuhaken pakulinan maos. Amargi tiyang ingkang remen
maos menika badhe nggadhahi pamikiran ingkang langkung kritis, kreatif, saha
inovatif. Mugi-mugi kagiyatan maos menika dados bagean saking kagiyatan padinan
satemah kula lan panjenengan dados pribadhi ingkang kawruhipun wiyar lan saged
nglampahi tantangan zaman ingkang langkung majeng.
Ingkang kaping
pungkasan, kepareng kula ngaturaken parikan.
Kembang ayu rupane biru
Saben dina diencoki kupu
Senenga maca buku
Supaya sugih ilmu
Mekaten ingkang saged kula aturaken, maturnuwun awit kawigatosanipun panjenengan sedaya, nglenggana tebih saking kasampurnan, kirang prigel anggen kula ngrakit ukara, lan tanpa ngirangi suba sita, kula yuwun agunging pangaksama.
Matur nuwun.
Dokumentasi siswa latihan sesorah
Komentar
Posting Komentar