Rekasa


Rekasane dadi wong raduwe
Neng ngendi-endi dinyek diremehne


Rekasane dadi wong raduwe 
Manggon wae pindah mrono mrene 


Rekasane dadi wong raduwe 
Saben taun ngupaya golek kontrakan kono kene 


Rekasane dadi wong raduwe 
Arep seneng ana wae alangane 


Dhuh... Gusti kang Maha Asih 
Tulung peparingna tresna sih 


Dhuh... Gusti kang Akarya Jagad
Tulung peparingna bandha donya lan akerat 

Komentar

Postingan Populer